Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Tembang Dolanan Gugur Gunung, Dilengkapi Tegese Tembung Lan Isine Tembang

Tembang Dolanan Gugur Gunung tegese tembung lan isine tembang lengkap

Pembahasan ning ngisor iki yaiku, tentang tembang dolanan gugur gunung dilengkapi kaleh tegese tembun lan isine.


Gugur Gunung

Yo ayo kanca ngayahi karyaning praja
Kana kene kana kene
Gugur gunung tandhang gawe
Sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning negara
Siji loro telu lan papat maju papat papat
Diulang ulungake mesthi enggal rampunge
Holobis kuntul baris, holobis kuntul baris
Holobis kuntul baris, holobis kuntul baris

Tegese tembung

  • Praja = desa
  • Gugur gunung = gotong royong
  • Tandhang gawe = nyambut gawe
  • Mulya = makmur
  • Rampung = mari


Isine tembang dolanan gugur gunung:

Ngajak konco guyup rukun lan nyambut gawe bebarengan. Supaya bisa agawe mulyaning negara lan urip rukun bebarengan.

Posting Komentar untuk "Tembang Dolanan Gugur Gunung, Dilengkapi Tegese Tembung Lan Isine Tembang"