Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kumpulan Tembang Macapat Gambuh Teges, Gancaran Lengkap

Kumpulan Tembang Macapat Gambuh Teges, Gancaran Lengkap

Tembang gambuh iku salah sawijinine tembang macapat. 

Tembang gambuh kasusun dening 5 gatra lan nduweni paugeran yaiku 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.

Ing ngisor iki tuladhane tembang macapat gambuh teges lan gancaran.



Gambuh

Sekar gambuh ping catur

(Sekar gambuh kapapat)

Kang cinatur polah kang kalantur

(Sing dibahas bab polah tingkah sing kurang trep)

Tanpa tutur katula-katula katali

(Tanpa pitutur bakal katula-katula)

Kadalu warsa kapatuh

(Kesuwen menehi pitutur dadi padatan)

Katutuh pan dadi awon

(Disalahke wes mesti dadi ala)


Gancaran:

Sekar gambuh kapapat iku bahas babagan polah tingkah laku manungsa sing kurang trep. Yen ora diwenehi pitutur bakal katula-katula. Kesuwen anggone menehi pitutur malah dadi padatan sing ora becik. Yen diilengke malah dadi salah paham.


Gambuh

Rasaning tyas kayungyung

(Kekarepan saka ati)

Angayomi lukitaning kalbu

(Menehi perlindungan ayem ati)

Gambir wana kelawan hening ing ati

(Ngelahirke rasa sing ayem)

Kabekta kudu pitutur

(Kudu menehi nasehat)

Sumingkiring reh tyas mirong

(Supaya bisa bedakake bab ala lan becik)


Gancaran:

Kekarepan saka kalbu iki. Menehi perlindungan si gawe ayeming kalbu/ati. Menehi pitutur sing becik supaya bisa bedakake bab ala lan becik.



Gambuh

Den samsya amituhu

(Dikarepake manut aturan)

Ing sajrone jaman kala bendhu

(Ing sajrone jaman nalika bendhu)

Yogya sampeyan yuda hardaning ati

(Luwih becik bisa ngendalikake nepsu awak)

Kang anuntun mring pakewuh

(Sing bisa nuntun tumuju hal ala)

Uwohing panggawe awon

(Kasil saka perbuatan sing ala)


Gancaran:

Dikarepake manut aturan. Ing jaman kala bendhu luwih becik bisa ngendalikake nepsu awak supaya ora nuwuhake hal ala.


Gambuh

Aja nganti kabanjur

(Aja nganti kebacut)

Barang polah ingkang nora jujur

(Polah sing ora jujur)

Yen kabanjur sayekti kojur tan becik

(Yen kebacut jujur malah becik)

Becik ngupaya iku

(Becike ngupaya jujur)

Pitutur ingkang sayektos

(Pitutur sing becik lan sejati)


Gancaran:

Aja nganti kebacut polah sing ora jujur. Yen kebacut jujur iki malah becik lan nuwuhake akeh mupangate.


Gambuh

Tutur bener puniku

(Pitutur bener yaiku)

Sayektine apantes tiniru

(Sejatine pantes ditiru)

Nadyan metu saking woh sudra papeki

(Senajan metu saka wong sing rendah derajate)

Lamun becik nggone muruk

(Nanging becike anggone sinau)

Iku pantes siro anggo

(Iku panter digawe)


Gancaran:

Pitutur sing apik iku sejatine pantes ditiru. Senajan pituture asale saka wong sing rendah derajate. Nanging bisa dadi bahan sinau awak lan bisa introspeksi awak.


Cekap semanten anggone jlentrehake tembang gambuh. Menawi wonten salah ing panulisan, tegese utawa gancaran. 

Kula nyuwun ngapura sak ageng-agengipun. 

Supaya bisa dadi bahan sinau kulo. 

Pamaca saget maringi masukan ten kolom komentar. 

Matursuwun lan salam sukses.

Posting Komentar untuk "Kumpulan Tembang Macapat Gambuh Teges, Gancaran Lengkap "