Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kumpulan Cangkriman Lan Batangane Lengkap Bahasa Jawa

Kumpulan Cangkriman Lan Batangane Lengkap Bahasa Jawa
bahasa jawa

Cangkriman yaiku unen-unen jawa sing kudu dibedhek. 

Dasanama tembung cangkriman yaiku bedhekan. 

Cangkriman biasane digawe bedhekan dening bocah cilik. 


Supaya ora lali dening kasusastran jawa.

Cangkriman kaperang dadi 3 yaiku cangkriman wancah, cangkriman pepindhan, lan cangkriman awujud tembang. 

Kabeh iku yen wes di unekake bisa dibedhek marang kancane. 


Mulane adhik-adhik ayo pada sinau kasusastran jawa cangkriman. Semaken cangkriman ing ngisor iki.



Cangkriman Wancah 

  1. Pak boletus = tepak kebo lelene satus.
  2. Burnaskopen = bubur panas kokopen.
  3. Pindhang kileng = sapi nang kandhang, sikil mentheleng.
  4. Wiwa wite, lesbadhonge = uwi dawa wite, tales amba godhonge.
  5. Pak lawa = tepak ula dawa.
  6. Pak bomba = tepak kebo amba.
  7. Pak peyut = tepak cempe ciyut.
  8. Pak boleng = tepak kebo celeng.
  9. Bot ginawa entheng = klobot ginawa entheng, gentheng theng ginawa bot ginawa abot.
  10. Nasgithel = panas legi kenthel.
  11. Walespenen = suwal teles pepenen.
  12. Ling cik tu tu ling yu = maling mancik watu, watu nggoling maling mlayu.
  13. Thuknong taleng = Bathuk nonong, mata meleng.

Cangkriman Pepindhan

  1. Pitik walik saba kebon (nanas).
  2. Urang sapikul matane pira? (ana 6 mata = urang, sapi, lan kul).
  3. Sega sakepel dirubung tinggi, apa? (Salak).
  4. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong (kates).
  5. Emboke di elus-elus anake di idak-idak (andha).
  6. Gajah nguntal sangkrah (pawon).
  7. Ing duwur wayangan, ing ngisor jedhoran (ngundhuh kambil).
  8. Kebo bule cancang merang (buntil).
  9. Disuguh opak angin (ora disuguh apa-apa).
  10. Anake gelungan ibune ngrembyang (pakis).
  11. Wis gedhe kok ngguyu tawa (nangis).
  12. Yen ibune siji anake loro, yen anake siji ibune loro, yen ibune telu ora duwe anak (salak).
  13. Lawa lima, kalong telu dadi pira? (Wolu).
  14. Dikethok malah duwur (Celana).
  15. Ngarep ireng, mburi ireng sing tengah methentheng (wong mikul areng).
  16. Ana gajah numpak becak, ketok apane? (Ketok mbujuke).
  17. Yen cilik dadi kanca, yen gedi dadi mungsuh (geni).
  18. Ana tulisan Arab. Macane saka ngendi? (Saka alas).
  19. Pak Demang klambi abang, nak didudul gondhal gandhul, nek disunduk manthuk-manthuk (ontong / kembang gedhang).
  20. Lampu apa nek dipecah metu uwonge? (Lampu toko sing lagi tutup).
  21. Kewan apa sing sirahe neng sikil, mripate neng sikil, irunge neng sikil, cangkeme ning sikil, pokoke kabeh neng sikil (anak pithik kepidak).
  22. Jenenge satriya pringgondani iku sapa? (Ya Raden Gatotkaca, ya uleg-uleg = pring bonggol di dandani).
  23. Ana kapal disawat watu bisa kelem, kira-kira gedhe apane? (Gedhe omonge).
  24. Ana kuthuk dilebokne kurungan rapet, kira-kira wis ora bisa metu, disediyani pakan lan ombe cukup, bareng setahun kuthuke ilang, menyang ngendhi? (pithik).
  25. Yen isih cilik tapihan yen wis gedhe wuda (pring).

Cangkriman Wujud Tembang

1. Bapak pucung cangkemmu madhep mandhuwur
Ombenmu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya
Batangane jun (gawe ngusungi banyu)

2. Bapak pucung amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pucung dadi dahana 
Batangane penthol korek

3. Bapak pucung dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing sabrang
Tumpakane sang Bupati
Yen lumampah si pucung lembehan grana
Batangane gajah

4. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Yen lumampah si pucung ngumbar swara
Batangane sepur

5. Bapak pucung rodha papat bisa mbengung
Wujud kothak dawa
Nguntal barang sakabehing
Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha
Batangane trek

6. Bapak pucung bleger sirah lawan gembung
Tansah kinunjara
Sesat mati jroning urip
Metu krangkeng bisa urip sagebyaran
Batangane korek jes

Cangriman Plesetan

1. Ana bocah. Endhog ora mangan, kucing malah mangan. Nyangapa?
Batangane: Jalaran kucing urip.

2. Pak Miran yen disuguhi iwak, nyangapa endhase mesthi digawa mulih?
Batangane: Pak Miran duwe endhas dewe.

3. Nyangapa dhalang yen mati ora ana si layat?
Batangane: Kadhal karo walang.

4. Apa aneh ana gedhang awoh gori? Nyangapa?
Batangane: Ora. Kabeh gedhang uwoh mesti di tegori.

Sampun cekap semanten anggone sinau bab cangkriman. 

Muga tulisan iki bisa nuwuhake manfaat lan bisa piguna marang pamaca. 

Cangkriman bisa gawe bahan guyonan lan dhagelan marang kanca lan kulawarga. 

Matursuwun lan salam sukses.

Posting Komentar untuk "Kumpulan Cangkriman Lan Batangane Lengkap Bahasa Jawa "