Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pembahasan Soal dan Jawaban LKS Bahasa Jawa Bab Teks Informasi Kelas 6 SD/MI

soal dan jawaban lks bahasa jawa bab teks informasi
soal dan jawaban lks bahasa jawa bab teks informasi

Ing bab ini penulis jlentrehake jinise teks informasi kang awujud soal lan jawaban sing bisa digunakake kagem bahan sinau para siswa. 

Ing wulangan iki semaken kanthi premati supaya bisa paham anggone sinau.



A. Pilihan Ganda

1. Teks kang isine sakumpulan data utawa fakta kang wis diolah saengga nduweni makna kanggo pamacane diarani teks...

a. Dheskripsi

b. Eksposisi

c. Informasi ✓

d. Narasi


2. Ing ngisor iki jinis-jinis teks informasi, kajaba...

a. Teks fiksi ✓

b. Teks pariwara

c. Teks pawarta

d. Teks persuasi


3. Wacan kang isine informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi diarani teks...

a. Dheskripsi

b. Narasi

c. Pawarta ✓

d. Persuasi


4. Ing ngisor iki titikane basa sajrone pawarta, kajaba...

a. Narik kawigaten

b. Dawa

c. Cekak ✓

d. Cetha


5. Pawarta iku kudu ngemot unsur-unsur 5W+1H supaya pawarta kuwi diarani jangkep informasine. Unsur 5W+1H kuwi klebu unsur-unsur sing baku tumrap teks pawarta. Ing ngisor iki ora klebu unsur 5W+1H pawarta, yaiku...

a. Watt ✓

b. What

c. Who

d. Where


6. Unsur kang ngemot papan kadadean ing sajrone pawarta iku diarani...

a. What

b. When

c. Where ✓

d. Why


7. Salah siji tuladha kalawarti basa jawa yaiku...

a. JawaPos

b. SoloPos

c. Kompas

d. Panjebar Semangat ✓


8. Tembung bena padha tegese karo...

a Lindhu

b. Banjir ✓

c. Longsor

d. Gunung njeblug


9. Jinis pawarta adhedhasar wilayah, kajaba...

a. Lokal

b. Regional

c. Nasional

d. Kulawarga ✓


10. Jinis kalawarti adhedhasar wektu, kajaba...

a. Pawarta crita

b. Pawarta dadakan

c. Pawarta ndinan

d. Pawarta opini ✓


11. Pagawean utawa profesi kang ngupaya golek lan nulis warta diarani...

a. Wartawan ✓

b. Narasumber

c. Redaksi

d. Wawancara 


Wacan ing isor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 12-16!

Kedadeyan kecelakaan segara ana maneh ing Pantai Balekambang. Kecelakaan iku kelakon ing dina Minggu, 19 Juli 2020 sekitar jam 13.00 WIB. 

Kecelakaan iki nimpa telu bocah wadon, yaiku Fitri, Marini, lan Sunarti. Katelu warga Polehan, Malang. 


Kronologi kawitan pas rombongan kulawarga saka Polehan plesiran ing Balekambang lan adus ning pantai. 

Saking asyik dolanan banyu, katelu korban ora eling nglangi menyang tengah laut. Banjur katelu korban keseret ombak menyang tengah. 

Untunge, korban cepet bisa dievakuasi dadine ora ana korban jiwa tekan kedadeyan iki.


12. Kedadeyan kecelakaan segara dumadi ing...

a. Pantai Balekambang ✓

b. Pantai Klayar

c. Pantai Parangtritis

d. Pantai Wediombo 


13. Bocah sing keseret ombak menyang tengah, kajaba...

a. Fitri

b. Marini

c. Siti ✓

d. Sunarti


14. Prastawa kasebut kedadeyan ing dina...

a. Jumat

b. Minggu ✓

c. Sabtu

d. Senin


15. Karangan sing isine ngajak utawa mangaribawani sing maca diarani...

a. Narasi

b. Dheskripsi

c. Argumentasi

d. Persuasi ✓


16. Bocah-bocah sing keseret ombak iku warga daerah...

a. Madiun

b. Malang ✓

c. Ngawi

d. Surabaya


17. Ing ngisor iki ora klebu perangane teks persuasi, yaiku...

a. Pengenalan konflik ✓

b. Pengenalan isu

c. Rerangken argumen

d. Pranyatan ajakan


Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 18-25!

Kahanan kali saiki samsaya nggegirisi. Kali-kali padha buthek lan reged jalaran kena polusi. 

Polusi kasebut disebabake dening tumpukan uwuh: uwuh pomahan lan limbah pabrik. 

Uwuh lan limbah kasebut ngrusak ekosistem kali.


Ora amung banyune, kewan sarta tethukulan kang urip ing kali kena dampak polusi. 

Iwak-iwak ing kali padha ilang jalaran kaline kebak uwuh, unthuk limbah, lan banyu limbah pabrik. 

Supaya kali kang awake dhewe karepake kawujud, ayo awake dhewe njaga kali wiwit saiki! Aja mbuwang uwuh lan limbah ana kali. 

Saengga kali bisa bening lan resik kaya jaman biyen.


18. Irah-irahan kang trep karo wacan kasebut, yaiku...

a. Njaga Polusi Kali

b. Njaga Ekosistem Kali ✓

c. Aja Mbuwang Uwuh

d. Aja Ngrusak Kali


19. Wacan kasebut klebu jinis teks...

a. Persuasi ✓

b. Pawarta

c. Dheskripsi

d. Narasi


20. Kahanan kali saiki akeh sing...

a. Bening

b. Apik

c. Resik

d. Buthek ✓


21. Kali padha reged jalaran...

a. Akeh iwake

b. Akeh thukulane

c. Akeh uwuhe ✓

d. Akeh banyune


22. Iwak ing kali dadi ..... merga kena limbah.

a. Akeh

b. Ilang ✓

c. Kathah

d. Ora kurang


23. Tembung uwuh padha tegese karo...

a. Kawruh

b. Jumbuh

c. Sampah ✓

d. Weruh


24. Ing ngisor iki panyebab polusi ing kali, kajaba...

a. Akeh wit enceng gondhok ✓

b. Tumpukan uwuh

c. Limbah pomahan

d. Limbah pabrik


25. Ing ngisor iki ukara ajak-ajak kamg ana sajrone wacan, yaiku...

a. Supaya kali kang awake dhese karepake kawujud.

b. Ayo, awake dhewe njaga kali wiwit saiki ✓

c. Aja mbuwang uwuh lan limbah ana kali.

d. Saengga kali bisa bening lan resik kaya jaman biyen.


B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener!

1. Sebutna jinis-jinis teks informasi!

Wangsulan : Jinis-jinis teks informasi yaiku teks pawarta, teks persuasi, sesanti/slogan, lan pariwara/iklan.


2. Cona jlentrehna titikane teks pawarta!

Wangsulan: 

Aktual tegese pawarta kasebut isih anyar.

Faktual tegese adhedhasar fakta utawa kasunyatan.

Wigati tegese pawarta kang diwartakake penting lan narik kawigaten wong akeh.

Cekak aos lan migunakake basa kang gampang dimangerteni.

Ora mojokake utawa mihak salah sijine golongan utawa pawongan.

Kudu ngemot 6 perangan 5W+1H.


3. Apa wae titikane teks persuasi iku?

Wangsulan:

Teks persuasi digunakake kanggo ngajak, ngelingake, lan mangaribawani sing maca.

Paragrap persuasi kasusun dening ukara-ukara kang nduweni alesan kuwat kang disartani data lan fakta supaya sing maca dadi yakin.

Akeh nggunakake tembung ajak-ajak, kayata ayo, enggala, tindakna, lan sak panunggalane.

Ngindari konflik antarane panulis lan pamaca saengga kepercayaan ora ilang.

Basa sajroning teks persuasi iku narik kawigaten, ora monoton, lan nggunakake basa sing santun.


4. Sebutna struktur teks persuasi!

Wangsulan: Pengenalan isu, rerangken argumen, pranyatan ajakan, pranyatan ulang.


5. Ukara-ukara ing ngisor iki kramakna!

a. Bu Anita nggawa tas werna abang.

b. Saben dina Minggu, Ibuku mlaku-mlaku menyang CFD.

Wangsulan:

a. Bu Anita ngasta tas werni abrit.

b. Saben dinten Minggu, Ibu kulo mlampah-mlampah dhateng CFD.


Cukup sakmene jlentrehan soal lan jawban bab jinise teks informasi. 

Muga-muga artikel iki bisa nuwuhake manfaat kagem pamaca. 

Lan bisa digunakake bahan sinau kagem siswa sedaya. Matursuwun lan salam sukses. 

Posting Komentar untuk "Pembahasan Soal dan Jawaban LKS Bahasa Jawa Bab Teks Informasi Kelas 6 SD/MI "