Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Materi Kawruh Basa Jawa Lengkap Sekolah Dasar

materi kawruh basa jawa
materi kawruh basa jawa

Kanggo mangerteni tembung sing angel adhil-adhik bisa sinau saka artikel iki. Semaken wulangan ing isor iki bab kawruh basa jinise teks ing basa jawa kanthi premati.



Kawruh Basa Bab Jinise Teks

1. Teks informasi yaiku teks kang isine sakumpulan data utawa fakta kang wis diolah saengga nduweni makna kanggo pamacane.

2. Teks pawarta yaiku teks kang ngandharake kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ing sawijining panggonan.

3. Aktual tegese pawarta kasebut isih anyar.

4. Faktual tegese adhedhasar fakta utawa kasunyatan.

5. Wigati tegese pawarta kang diwartakakw kasebut wigati utawa penting lan narik kawigaten wong akeh.

6. Pawarta lisan yaiku pawarta sing diwartakake dening wong marang sing miyarsa utawa sing nyemak lumantar swara.

7. Pawarta tulisan yaiku pawarta kang digiyarake lumantar tulisan.

8. Pawarta dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan ora bisa dipesthekake luwih dhisik.

9. Pawarta ndinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeane wis dimangerteni sadurunge.

10. Pawarta crita yaiku pawarta kang ora diwatesi dening wektu lan papan panggonane, nggambarake objek kang nengsemake.

11. Teks persuasi yaiku karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mengaribawani, lan ngeyakinake sing maca.


Bedane Teks Pawarta Lan Teks Persuasi

  • Teks pawarta isine lapuran ngenani kedadeyan nyata, sing diandharake kudu nggunakake unsur pawarta (5W + 1H).
  • Teks persuasi Isine pangajak supaya para pamaca nglakoni apa sing diandharake dening panulis. 

   

1. Ariwarti yaiku warta kang diterbitake saben dina (koran)

2. Kalawarti yaiku warta kang diterbitake kala kala utawa ora saben dina (majalah)

3. Narasumber yaiku wong kang dadi punjering pitakon sajroning wawancara.

4. Wartawan yaiku pegawean utawa profesi kang ngupaya golek lan nulis warta.

5. Wawancara yaiku golek informasi saka wong kang diarani narasumber kanthi cara kagiyatan pitakon-wangsulan.


Kawruh Basa Bab Tembang Macapat

1. Tembang macapat yaiku salah sawijining kasusastran jawa kan awujud tembang utawa puisi tradhisional Jawa.

2. Pada yaiku bait ing tembang macapat.

3. Guru gatra yaiku cacahe larik utawa gatra saben sapada.

4. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasane gatra.

5. Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sagatra.

6. Titi laras yaiku pathokan ing sawijining tembang kang bisa muni kanthi endah.

7. Pathet yaiku endhek dhuwuring swara kanggo lelagoning tabuhan gamelan.

8. Tembang pangkur yaiku salah sawijinine tembang macapat kang nggambarake babagan wong kang wis siap ninggalake lan ngungkuri kabeh urusan kadonyan.

9. Nggancarake tembang yaiku ngowahi cakepane tembang dadi gancaran utawa crita.

10. Serat wulangreh yaiku serat kang isine aturan lan piwulang kanggo nggayuh kahuripan sejati.


Pupuh Kang Ana Sajroning Serat Wulangreh.

  1. Pupuh Dhandhanggula isine bab cara milih guru.
  2. Pupuh Kinanthi isine bab srawung utawa milih kanca.
  3. Pupuh Gambuh isine larangan nduweni watak adigang adigung adiguna.
  4. Pupuh Pangkur isine bab tata krama, mbedakake ala lan becik.
  5. Pupuh Maskumambang isine bab carane nyembah.
  6. Pupuh Dudukwuluh/Megatruh isine bab carane ngawula marang raja.
  7. Pupuh Durma isine bab carane ngendhaleni nepsu.
  8. Pupuh Wirangrong isine ban ala lan becike tumindak.
  9. Pupuh Pocung isine cara nyambung paseduluran lan ngerteni isi wacan.
  10. Pupuh Mijil isine bab cara pasrah lan sokur.
  11. Pupuh Girisa isine pesen lan dongane sang pujangga.
  12. Pupuh Asmaradana isine bab nindhakake ajaran agama.
  13. Pupuh Sinom isine dhasar-dhasare solah bawa.


Wis cukup sakmene tulisan bab kawruh basa jawa. Muga muga artikel iki bisa nuwuhake manfaat kagem pamaca. 

Salam sukses.

Posting Komentar untuk "Materi Kawruh Basa Jawa Lengkap Sekolah Dasar"