Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kumpulan Tembang Macapat Pangkur Lengkap Gancaran, Tegese, lan Paugerane

tembang macapat pungkur lengkap gancaran, tegese, dan paugerane
source : guruajaib.com

Tembang pangkur iku klebu salah sawijining tembang macapat. 

Tembang pangkur nggambarake babagan wong kang wis siap ninggalake lan ngungkuri kabeh urusan donya.


Watak tembang pangkur yaiku tandhes, lugas, sereng, cocok kanggo menehi pitutur. 

Paugerane tembang pangkur yaiku ana 7 gatra. 

Guru wilangan lan lagune yaiku 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.


Ing ngisor iki tembang pangkur lan gancaran lengkap. 

Menawi wonten kirang punapa kurang trep anggone nulis gancaran lan tegese kulo pangapunten ingkang sak ageng-agengipun. 

Mula panjenengan sami ingkang maos artikel niki kulo nyuwun masukan utawa saran ing kolom komentar menawi wonten kesalahan.



PANGKUR

Mingkar mingkuring angkara

(Ngindari sifat ala)

Akarana, karenan mardisiwi

(Merga seneng ndidhik anak)

Sinawung resmining kidung

(Dirangkum ana ing indahing kindung)

Sinuba sinukarta

(Dihormati lan dimuliakake)

Mrih kretarta, pakartining ngelmu luhung

(Supaya kawujud maksud ilmu kang luhur)

Kang tumrap ing tanah jawa

(Sing ana ing tanah Jawa/Nuswantara)

Agama ageming aji

(Agama dadi busana sampurna)


Gancaran:

Ing tembang Pangkur iki nyritakake bab manungsa kang kudu ngindari sifat ala. 

Supaya bisa diconto dadi tladan dening bocah cilik. Kaya sing diceritakake ing kidung.


Nglakokake tumindhak becik bisa nuwuhake kamulyan lan kinurmatan kanggo awake dewe. 

Saka tuladha sing becik kang dituladhani dening bocah" bisa nuwuhake ilmu kang luhur sing isa mbangun nuswantara. 

Aja lali tetep nganggo cagak agama sing bakoh supaya kasil luwih becik.


PANGKUR

Sekar pangkur kang winarna

(Dicritakake ing tembang Pangkur)

Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

(Panggon labuh kanggo wong urip)

Ala lan becik puniku

(Bab ala lan becik iku)

Prayoga kawruhana

(Becike weruhana)

Adat waton puniku dipun kadulu

(Adat istiadat iku dhisikna)

Miwah ingkang tata krama

(Sarta bab tata krama)

Den kaesthi siyang ratri

(Tindakna ing awan lan wengi)


Gancaran: 

Ing sajrone tembang "Pangkur", diandhadake menawa wong urip iku kudu ngerti lan bisa mbedakake babagan tumindhak ala lan becik. 

Saliyane kuwi uga aja lali marang adat istiadat lan tata krama kang wis diwarisake dening para leluhur. Kabeh kuwi mau becike katindakake awan lan bengi supaya bisa dadi padatan.


PANGKUR

Jinejer ing Wedhatama

(Kasusun ing ajaran utama serat Wedhatama)

Mrih tan kemba kembenganing pambudi

(Manungsa ora oleh miskin budhi pakerti)

Mangka nadyan tuwa pikun

(Mangka senajan tuwa lan pikun)

Yen tan mikani rasa

(Yen ora bisa ngolah rasa/bathin)

Yekti sepi sepa lir sepah asamun

(Mesti panguripan suwung kaya uwuh sing ora kanggo)

Samasane pakumpulan

(Nalika lagi kumpul bareng)

Gonyak-ganyuk nglelingsemi

(Bakal dadi isin lan ngisin-isini)


Gancaran:

Ing serat Pangkur iki diceritakake yaiku, kaya sing wes dipelajari ing kitab Wedhatama (Kitab sing ngajari kabecikan). 

Manungsa iku tansah nduweni budhi pakerti sing luhur. 

Supaya bisa diajeni dening wong liya. 


Senajan awak wis tuwa lan pikun, yen ora biaa ngolah rasa. 

Ibarate kaya uwuh sing ora kanggo amarga nduweni sifat ala. 

Saliyane iku yen lagi kumpul bareng bakal dadi wirange awakdewe.


PANGKUR

Mangkono ilmu kang nyata

(Iku ngono ilmu kang bener lan tenanan)

Sanyatane mung we reseping ati

(Sejatine namung gawe nentremake ati)

Bungah ingaran cubluk

(Bungah yen di arani bodho)

Sukeng tyas yen den ina

(Bungah ati yen di lagi di rendahke)

Nora kaya si punggung anggung gumunggung

(Ora kaya wong bodho tenanan sing seneng di puji)

Ugungan sadina dina

(Pengen dipuji saben dina lan wektu)

Aja mangkono wong urip

(Sejatine aja kaya ngono yen dadi manungsa becik)


Gancaran:

Ilmu kang becik iku sejatine bisa nuwuhake katentreman ati lan pikiran. 

Nalika diarani bodho, ora njowo apa-apa malah ing ati rasa bungah. 


Uga yen diarani manungsa sing rendah ati bakal bungah. 

Ora kaya wong si seneng dipuja puja, iku ngno malah tuladhane wong sing bodho tenanan. Sejatine ngno iku malah padatane wong ora becik.


PANGKUR

Pancen ampuh Pancasila

(Pancen apik dhasar nagara Pancasila)

Mratandhani tunggal budi pakarti

(Menehi ilmu becik budi pakerti luhur)

Iku prajanjian luhur

(Iku susunan janji luhur negara)

Urip tentrem raharja

(Urip tentrem ayem sateruse)

Kanggo pandom guyub rukun trus ambangun

(Kanggo andhum kerukunan kang bisa ambangun negara)

Uga dhasaring nagara

(Iku dhasar negata)

Paugeran kang wigati

(Paugeran/pathokan sing baku, penting)


Gancaran:

Pancasila iku dasar negara Indonesia sing becik lan ampuh. 

Menehi ilmu becik sing bisa di terapke dening panguripan saben dino. 


Janji luhur sing kasusun dening pejuang bangsa.

Supaya bisa nuwuhake urip tentrem ing masyarakat. Katentreman lan kerukunan bisa nuwuhake akeh manfaat. 

Salah sawijine yaiku mbangun negara. Pancasila iku dasar negara sing penting lan kudu diterapake ing panguripan masyarakat.


PANGKUR

Bocah-bocah dha sekolah

Wiwit biyen nalika isih cilik

Sregepa anggolek ilmu

Wayah esuk lan awan

Ngrungokake parentahe para guru

Lan bisa ngerti agama

Agama ngarsaning Gusti


Gancaran:

Tembang pangkur iki nyritakakw bocah sing golek ilmu. 

Bocah sing manut marang parentah guru lan paham agama supaya ora keblinger yen wes kasil.


PANGKUR

Deduga lawan prayoga

(Deduga, pertimbangan endi sng luwih utama)

Myang watara reringa aywa lali

(Ngukur sebab saking tindhak tandhuk, aja dilalekake)

Iku parabot satuhu

(Iku piranti urip sejati)

Tan kena tininggala

(Sing ora bisa ditinggalake)

Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku

(Wektu turu, lungguh, ngadhek lan mlaku)

Angucap meneng anendra

(Matur, meneng lan turu)

Duga-duga nora kari

(Deduga, pertimbangane ora oleh keri)


Gancaran:

Manungsa iku nalika urip kudu ileng hukum sebab akibat. 

Bab iku bisa ndadekake awakdewe urip kanthi ayem. 


Ora sekarepe dewe amarga tansah ileng apa wae sing wis dilakokake.

Tindhakan becik utawa ala wis dipikirne lan bisa digawe pasinaon bab urip ing saben dinane.

Mangkono saben dina ganti dina awakdewe bisa belajar tindakan luwih becik saka sakdurunge.


Baca Juga : Kumpulan Tembang Dolanan Jawa Lengkap Pituture Tembang | Mata Pelajaran Bahasa Jawa 


PANGKUR

Jam pitu mlebu sekolah

Kaya ngene rasane dadi murid

Wira wiri saben esuk

Angudi kapinteran

Durung rampung yen durung entuk kursus

Kursus ana pamulangan

Minangka cagaking urip


Gancaran:

Kegiatan saben dina bocah sekolah. 

Sing lagi ngangsu kawruh ing sekolah. 


Sekolah durung rampung yen durung kasil ijazah minangka tanda resmi yen uwes nempuh pendhidikan. 

Uga kasil ilmu kang bisa gawe sangu nempuh panguripan, kanggo gayuh gegayuhan kan di idam idamke.


PANGKUR

Kuwajibane pra siswa

(Kuwajibane siswa sekolah)

Kudu tansah mituhu lan ngabekti

(Kudu ngabekti marang wong tuwa lan guru)

Lamun hangudi ngelmu

(Tansah ngangsu kawruh)

Tumuju pawiyatan

(Budhal sekolah)

Nyumingkiri sakabehing pepacuh

(Nyingkrihi kabeh sing gawe ewuh)

Tansah nindakake pranatan

(Kudu nindakake kewajiban)

Kanthi ikhlas lahir batin

(Kanthi ikhlas lahir batin)


Gancaran:

Dadi siswa iku kudu nglakoni kewajiban sekolah. Supaya bisa gayuh gegayuhan kang luhur. 

Ora lali kudu manut wong tuwa lan guru.


Telaten anggone golek ilmu ing sekolahan. 

Nyingkrihi sing agawe repot. Nindakake kewajiban kanti ikhlas lahir batin.


PANGKUR

Nggugu karsane priyangga

(Nuruti karepe awake dewe)

Nora nganggo perparah lamun angling

(Ora nduwe tujuan nalika ngendika)

Lumuh ingaran balilu

(Ora wirang yen di arani bodho)

Uger guru aleman

(Ngaku pinter supaya dipuji)

Nanging jaman ingkang wus waspadeng semu

(Nanging manungso sing wis ngerti solah polahe)

Sinamun samudana

(Malah ndingkluk nalika weruh)

Sesadoning adu manis

(Nanggepi kanthi tumindak becik)


Gancaran:

Manungsa iku kudu isa ngajeni awake dewe. 

Ngomong sak perlu sing kudu di omong. Aja seneng ngomong sing ora perlu lan ora bener.

 

Nalika ketemu wong sing pinter malah ngisin-isini awake dewe. 

Mula wong pinter mau malah nanggepi kanthi becik lan nyawang anggone ngomong sing ora bener.


PANGKUR

Si pengung nora nglegewa

(Wong bodho kang ora nyadari)

Sangsayarda denira cacariwis

(Sansya ndadi anggone ngomong ora guna)

Ngandhar-andhar angendukur

(Ngomonge ngelantur rana rene)

Kandhane nora kaprah

(Ngomonge salah kaprah)

Saya elok alangka longkangipun

(Saya pinter ngomong tanpo mandhek)

Si wasis waskito ngalah

(Si pinter luwih becik ngalah)

Ngalingi marang si pingging

(Nutupi solah polahe si bodho)


Gancaran:

Wong bodho ora nyadari nalika ngendhika ora guna. 

Kandhane tansah ngelantur rana rene tanpo titik. 


Ngendhikane uga akeh sing salah. 

Nalika ketemu wong sing pinter malah diguyu lak nyimak anggone ngendhikan. 

Si pinter luwih becik ngalah lan nutupi polahe si bodho.


Baca Juga : Materi Kawruh Basa Jawa Lengkap Sekolah Dasar


Cukup sakmene anggone nulis tembang pangkur lan gancarane. Muga-muga artikel iki nuwuhake manfaat kagem pamaca. Matursuwun lan salam sukses.

Posting Komentar untuk "Kumpulan Tembang Macapat Pangkur Lengkap Gancaran, Tegese, lan Paugerane"