Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

TEMBANG DOLANAN AYO KANCA LAN TEGESE

Gambar Anak Bermain Sungai di Desa
Source : Google.com

Dalam pembahasan kali ini, kita akan mengupas tembang dolanan ayo kanca lan tegese secara lengkap. 

Tak hanya itu, kami juga akan memberikan berbagai soal beserta jawaban untuk belajar dirumah.



Lirik Tembang Dolanan Ayo Kanca

Ayo Kanca

Ayo Kanca Dolanan Ing Jaba

Padhang Bulan Padhange Kaya Rina

Rembulane Sing Ngawe-Awe

Ngelingake Aja Padha Turu Sore


Ayo Kanca Enggala Siyaga

Buku, Potlot, Garisan Wis Sumadya

Kae Srengenge Sing Ngawe-Awe

Ngelingake Aja Lali Kuwajibane


Ayo Kanca Sinau Sing Tata

Niyat Suci Aja Wedi Rekasa

Nyamtekake Jiwa Ragane

Ngenakake Jujur Sregep Ing Panggawe


Ayo Kanca Sinau Tata Krama

Andhap Asor, Lembah Manah Lan Nrima

Tepasalira Diutamakne

Kanggo Nggayuh Urip Mulya Ing Tembene


Ayo Kanca Tansaha Ndedonga

Maring Allah Ingkah Maha Kuwasa

Julig Culika Tinebihake

Ginanjara Slamet Ing Sakabehane


(Sumber: kapethik saking Tantri Basa 2, kaca 141-142)


Tegese Tembung Ing Tembang Dolanan Ayo Kanca

1. Rina Awan
2. Ngawe-awe Padha obah kumlawe tangane
3. Siyaga Siap
4. Sumadya Cumawis
5. Rekasa Susah
6. Nyamtekake Ngutamakne
7. Nengenake Nyumedhiyani
8. Manah Ati
9. Julig culika Tumindak ala
10. Tinebihake Diadohake


Baca Juga : Pembahasan Soal dan Jawaban Bab Pawarta Bahasa Jawa Terlengkap


Pitakonan Adhedhasar Wacan Tembang Dolanan "Ayo Kanca"

1. Apa sing padhange kaya rina?

Jawaban : Bulan.

2. Ana ing ngendi becike dolanan iku? 

Jawaban : Ing njaba.

3. Apa wae sing ngawe-awe? 

Jawaban : Rembulan.

4. Apa sing madhangi donya nalika awan? 

Jawaban : Srengenge.

5. Sebutna telu piranti kang disebutake ing tembang! 

Jawaban : Buku, potlot, lan garisan.

6. Sinaune kudu kepriye? 

Jawaban : Sing tata.

7. Tumindak apa sing kudu ditengenake? 

Jawaban : Andhap asor.

8. Tumindak apa sing kudu disinau? 

Jawaban : Tata krama.

9. Apa sing kepingin digayuh? 

Jawaban : Slamet.

10. Marang sapa dedonga iku? 

Jawaban : Allah.


Baca Juga : KUMPULAN TEMBANG DOLANAN BAHASA JAWA TERLENGKAP (ISINE TEMBANG DOLANAN LAN TEGESE TEMBUNG)


Sekian pembahasan mengenai tembang dolanan ayo kanca lan tegese.

Semoga bermanfaat untuk Anda semua.

Posting Komentar untuk "TEMBANG DOLANAN AYO KANCA LAN TEGESE"