Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

KUMPULAN TEMBANG DOLANAN BAHASA JAWA TERLENGKAP (ISINE TEMBANG DOLANAN LAN TEGESE TEMBUNG)

Tembang Dolanan Bahasa Jawa
Tembang Dolanan


Bagi masyarakat jawa, tembang dolanan wajib diapalake. Supaya tembang iki ora punah selaras e perkembangan jaman. 

Mulo iku, kabeh konco-konco kudu ngerti tembang dolanan ing ngisor iki.



1| Padhang Bulan


Yo pra kanca dolanan neng njaba

Padhang bulan padhange kaya rina

Rembulane … e, sing ngawe-awe

Ngelingake aja padha turu sore.


Tegese Tembung-Tembung

Yo pra kanca = Ayo kanca kanca kabeh.

Dolanan ing njaba = Padha dolanan ing latar (njaba)

Padhange kaya rina = Padhange kaya wektu awan

Kang ngawe awe = Tansah ngajak marang awake dhewe

Ngelingake = Ngelingake marang awake dhewe

Aja turu sore sore = Yen wektu isih sore aja padha turu


Isine Tembang Dolanan Padhang Bulan

Lagu iki nyeritakake marang bocah-bocah podo guyup rukun dolanan ing njaba. Aja padha meneng ing njero omah.

Dolanan ing njaba kayata dolanan ing latar, lapangan utawa panggonan sing amba isa digawe dolanan bebarengan.

Rembulan kang mudal wektu sore tansah padhang kaya rina. 

Padhange kaya wektu awan. Ngelingake marang bocah-bocah aja padha turu ing wektu sore.


2| Kidang Talun


Kidang talun

Mangan kacang talun

Mil kethemil

Mil kethemil

Si kidang mangan lembayung.


Isine Tembung Dolanan Kidang Talun

Lelagon kidang talun yaiku tembung dolanan sing isine nyeritakake deskripsine kewan kidang sing lagi mangan kang unine mil kethemil.


3| Tikus Buntung


Tikus buntung

Duwe anak buntung

Cit cit cuit

Cit cit cuit

Si tikus saba neng wuwung.


Isine Tembang Dolanan Tikus Buntung

Tembang iki isine deskripsi ngenani tikus buntung yaiku tikus sing awakke buntung biasa diarani tikus clurut. 

Tikus clurut nduweni suara cit cit cuwit. 

Uga tikus iki sabane ana ing wuwung omah mangani samubarang sing ana.


4| Gajah Gajah


Gajah gajah

Kowe takkandhani

Mripat kaya laron

Kuping gedhe kaya ilir

Kathik nganggo tlale.

Nuntut cilik

Tansah kopat kapit.

Sikil kaya bumbung.

Mung lakumu megal megol.


Isine Tembang Dolanan Gajah Gajah

Tembung iki jelaske ngenani dheskripsine kewan gajah kang nduweni kuping gedhi, sikil kaya bumbung, nduweni tlale, mripat kaya laron, lan mlakune sing alon amarga kegedhen sikil. 

Kewan gajah kang kalebu kewan sing gedhe lan lemu. Tembang dolanan iki menehi weruh marang bocah bocah ciri fisik kewan gajah.


Baca Juga : Pembahasan Soal dan Jawaban Bab Pawarta Bahasa Jawa Terlengkap


5| Menthog Menthog


Menthog menthog takkandhani

Sasolahmu angisin isini

Mbok ya aja ndheprok

Ana kandhang wae

Enak enak ngorok

Ora nyambut gawe

Menthog menthog mung lakumu

Megal megol gawe guyu.


Isine tembang dolanan Menthog Menthog

Tembang dolanan menthog menthog iki nyeritakake kebiasaanne kewan menthog sing lumuh, kesed. 

Menthog kewan sing senenganne ndheprok ing kandhang ora gelem tandang gawe utawa nyambut gawe.

 
Menthog uga yen mlaku megal megol ora nduwe isin. Pitutur tembang iki yaiku bocah bocah ora oleh niru solah polahe menthog sing kesed, lumuh. 

Amarga yen ditiru bakal gawe rugi awakke dewe. Mula bocah bocah padha rajin lan sregep tandhang gawe. Aja kaya menthog sing polahe gawe isin.


6| Gundhul-Gundhul Pacul


Gundhul gundhul pacul cul gelelengan

Nyunggi nyunggi wakul kul gelelengan

Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

Wakul ngglimpang segane dadi sak rattan


Isine Tembang Dolanan Gundhul-Gundhul Pacul

Tembang iki ngenani pitutur yaiku dadi pemimpin kudu bisa jaga amanah. 

Dadi pemimpin iku kudu nduweni sikap sing bijak, rendah hati, lan ora sombong. 

Yen kabeh iku bisa kaleksanan kesejahteraan rakyat uga terjamin.


Baca Juga : TEMBANG DOLANAN AYO KANCA LAN TEGESE


7| Gambang Suling


Gambang suling kumandhang swarane

Thulat tulit kepenak unine

Uuuuunine mung nrenyuh ake

Bareng lan kentrung ketipung suling

Sigrak gambangane


Isine Tembang Dolanan Gambang Suling

Tembang iki ngenani alat musik tradisional yaiku gambang suling. 

Alat musik iku, ngasilake swara merdu lan enak dirungokake

Posting Komentar untuk "KUMPULAN TEMBANG DOLANAN BAHASA JAWA TERLENGKAP (ISINE TEMBANG DOLANAN LAN TEGESE TEMBUNG)"